Posted by : Unknown Sabtu, 05 Oktober 2013




Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Shalawat serto salam mugi tetep dipun paringaken dumateng Nabi kita Muhammad saw. keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo.
Ingkang kulo hormati Bapak Kepala SMP Negeri 12 Surabaya,Bapak saha ibu guru ingkang kulo mulyaaken serto konco-konco sedoyo ingkang kula tresnani.
Iangkung rumiyin mugi kita sedaya sami-sami ngraosaken puji lan syukur kehadirat Allah SWT sehingga ing wekdal menika kita sedoyo  saget ngempal ing mriki kanti  sehat walafiat lan mboten wonten alangan napa-punapa.
Ing wekdal menika kula badhe pidato ingkang ndamel tema "meringati dinten lahiripun Ibu Raden Ajeng Kartini",Menawi wonten wulan April punika wonten salah satunggaling wekdal ingkang sanget mengertos tumraping kita sedaya terutami tumrap para wanita. Inggih menika wonten tanggal 21 April. Kados panjenengan sedaya mangertosi, tanggal 21 April 1879 minangka tanggal kelahiranipun Ibu Raden Ajeng Kartini ingkang dipun damel figure pejuang wanita ingkang sampun ngangkat drajat lan martabatipun para wanita Indonesia.Ibu Kartini menika sampun maringi tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang estri, bilih jasanipun Ibu Kartini menika sakniki para tiyang estri saget ngraosaken kebebasan ing sakjroning kehidupan utawi urip.Kalarumiyin  tiyang wadon pendamelanipun nggeh namung ten griyo ugi nglayani bojonipun piyambak, nanging amargi Ibu kartini memperjuangken hak-hakipun wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngraosaken kebebasan menika lan mboten ten nggriya kemawon.Saking jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini menika sakniki para kaum wanita saget bebas metu saking griyo, saget nggolek panguripan piyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih. Jalaran menika kula ngajak kalian konco-konco lan bapak saha ibu guru sedoyo supados ndadiaken peringatan dinten kartini menika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadeaken majune wanita Indonesia.
Cekap semanten anggen kula pidato, mugi ingkang kuasa maringi sedoyo para wanita Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng gawone utawi tiyang kakung lan supados dadoso  wanita ingkang mbekto  manfaat dateng Bangsa lan Negara. Serto bilih wonten  lepatipun, kula nyuwun agunge pangapunten. Mugi pidato menika mbekto manfaat dumateng sedayanipun Aamiin, Bilahitaufik walhidayah.

Wassaamu
alaikum warahmatulahi wabarakatuh.

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

Popular Post

Blogger templates

Blogroll

Total Pageviews

Blogger templates

Diberdayakan oleh Blogger.

Followers

Popular Posts

- Copyright © IZZAN UPLOAD : Free Search Files -Metrominimalist- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -